Wacanen kanthi patitis !
Duwe Ati Segara
Padhukuhan Karang Kadhempel kalebu padhukuhan kang ayem tentrem. Para wargane padha sayuk rukun ora tau padha pasulayan. Sing dadi tetuwa ing padhukuhan iku asma Kyai Badranaya. Kyai Badranaya tansah ngelingake supaya wargane aja padha seneng ngrungokake swara ala. Paribasane ana catur mungkur. Kyai Badranaya kagungan putra telu lanang kabeh. Sing pambarep arane Gareng, adhine Petruk, lan sing wuragil Bagong. Bocah telu kuwi duwe watak dhewe-dhewe. Gareng watake criwis cawis. Petruk watake jujur. Dene Bagong watake seneng sembrana.
Udakara jam papat sore Gareng, Petruk, lan Bagong padha balapan egrang ana plataran. Lagi tengah-tengahe padha dolanan, dumadakan Gareng tiba ketabrak egrange Bagong. Gareng nangis karo ngunek-unekake Bagong. Bagong ora trima banjur mbales ngunek-unekake Gareng. Petruk mlayu lapor bapake. Kyai Badranaya banjur ngundang bocah telu supaya leren anggone padudon. Kyai Badranaya ngendika, “Ngger, anakku. Kowe bocah telu iku sedulur. Kowe kudu tansah rukun. Seduluran utawa kekancan iku kudu duwe ati segara. Wis saiki padha leren kana ! Sing salah njaluk ngapura.”
Bagong rumangsa salah banjur njaluk ngapura marang Gareng. Gareng menehi pangapura karo weling supaya sesuk maneh aja dibaleni. Petruk genti ngandhani supaya Gareng dawa ususe utawa ora gampang nesu. Bocah telu banjur padha adus.
( Kapethik : Sinau Basa Jawa Gagrag Anyar Kelas IV SD/MI karangane Drs. Haryono dkk )
A. Pitakon-pitakon iki wangsulana manut isining wacan !
1. Kepriye kahanan ing Padhukuhan Karang Kadhempel ?
Wangsulan : ................................................................................................................................
2. Sapa tetuwa ing Padhukuhan Karang Kadhempel ?
Wangsulan : ................................................................................................................................
3. Apa paribasane ora ngrungokake swara ala ?
Wangsulan : ................................................................................................................................
4. Kapan Gareng, Petruk, Bagong dolanan egrang ?
Wangsulan : .................................................................................................................................
5. Apa tegese “ati segara” ?
Wangsulan : .................................................................................................................................
B. Wenehana tandha ping (X) aksara a, b, c, utawa d ing pratelan kang bener !
1. Petruk genti ngandhani supaya Gareng “dawa ususe”. Dawa ususe kalebu .....
a. Parikan
b. Paribasan
c. Tembung entar
d. Tembung lingga
2. “Kaya cecak nguntal cagak” kalebu paribasan, kang tegese .....
a. Gegayuhan kang ora timbang karo kekuwatane
b. Atine molah malih
c. Olehe ngunen-uneni sakatoge
d. Sarwa cilaka
3. Bareng isa nggambar, banjur gedhe endhase. Gedhe endhase tegese .....
a. Umuk
b. Mumet
c. Seneng
d. Susah
4. Perkara cilik dadi perkara gedhe, paribasane .....
a. Satru munggeng cangklakan
b. Kriwikan dadi grojogan
c. Kebo kabotan sungu
d. Idu didilat maneh
5. Pak Bima nggawa buku. Basa kramane nggawa yaiku ......
a. Mbekta
b. Ngampil
c. Njupuk
d. Ngasta
6. ................. ingkang rawuh punika ?
a. Punapa
b. Pundi
c. Sinten
d. Kadospundi
7. Ukara basa krama alus kang bener yaiku .....
a. Ibu nyangking tas tindak pasar
b. Ibu ngasta tas tindak pasar
c. Ibu ngasta tas tindak peken
d. Ibu nggawa tas tindak peken
8. Bapak Budi gawe layang pamit. Ukara pitakon sing cocok yaiku .....
a. Genea Bapakne Budi gawe layang pamit ?
b. Kapan Bapakne Budi gawe layang pamit ?
c. Ana ngendi layang pamit digawe ?
d. Sapa sing gawe layang pamit ?
9. Aku arep lunga. Ukara iku yen dikramakke dadi .....
a. Kula badhe kesah c. Kula ajeng tindak
b. Kula arep kesah d. Kula badhe tindak
10. “Nuwun sewu, Bu, Simbah nembe ........”
a. Siram
b. Adus
c. Pakpung
d. Lunga