SELAMAT DATANG - WELCOME - WILLKOMMEN

SELAMAT DATANG - WELCOME - WILLKOMMEN - ترحيب

Contoh pembuatan Soal Bahasa Jawa Sekolah Dasar

DINAS  PENDIDIKAN  DASAR KABUPATEN BANTUL
ULANGAN  TENGAH  SEMESTER TH PELAJARAN 2009/2010

Mata pelajaran        : Bahasa Jawa                    Hari/tanggal :
Kelas                         : IV(empat)                            Waktu                        : 07.30 -09.30
  

A.Maca                                              
Gawe Tahu
            Bapakne Budi duwe pabrik tahu.Dhek dina Minggu aku lan Agung menyang omahe.
Ana kana aku karo Agung banjur diajak nonton pabrike.Aku bisa nyedak,ngematake carane gawe tahu.
             Gawe tahu kuwi bahane kedhele. Sadurunge digiling kedhele dikum ana ing banyu.
Suwene udakara setengah jam,kedhele mau banjur dilebokake ana ing mesin gilingan tahu.
            Kedhele sing wis digilingdadi ajur,metu pathine.Pathi iki banjur diciduki, disaring,         
dibuwang ampase. Pathi sing wis disaring ampase banjur dadi jladren.Jladren iku banjur disuntak ana ing cithakan. Cithakan mau kira- kira amot tahu 100 iji.
            Kira-kira setengah jam jladren sing dicithak wis kenthel, madhet dadi tahu.
Rupane putih,resik, nanging ana uga sing rupane digawe kuning yaiku diwenehi kunir.
Kapethik saka Warsita Basa 4 halaman92.

I.Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki manut wacan ing dhuwur.
1.Dhek kapan aku lan Agung diajak dolan menyang omahe Budi?
   Wangsulan:...............................................................................
2.Kepriye sawise Kedhele dikum?
   Wangsulan:.................................................................................
3.Pathi kedhele sing wis metu banjur dikapakake?
   Wangsulan:..................................................................................
4.Apa prelune ampase kudu dibuwang?
   Wangsulan :...................................................................................
5.Kepriye wujude jladren sawise dicithak?
   Wangsulan:...................................................................................
 II.Wenehana tandha (X) aksara a, b, c, utawa d ing sangarepe pratelan kang bener.

1 .Tahu iku sing digawe saka ...
    a.tempe       b.kedhele     c. gandario      d.kecambah
2 .Sadurunge digiling, kedhele kudu...
    a.dionceki       b.diresiki      c.dikum banyu     d.digawe jladren
3 .Kedhele mau dikum ing banyu supaya...
     a.medhok      b.gampang dionceki     c.resik        d.babar
4 .Ukara ngisor iki sing mathuk diwenehi tanda pitakon (?) yaiku..
    a.Aku jupukna banyu    b.Kedhele iku akeh manfaate
     c.Saben dina Budi gawe tahu   d-Sapa sing bisa gawe tahu
5 .Bapak lagi ngumbah kedhele.Lesane ukara ing dhuwur yaiku...
    a.bapak       b.lagi       c.ngumbah     d.kedhele
6 .Pratelan ing ngisor iki sing bener yaiku...
    a.Tempe iku sing digawe saka gedhang
    b.Tempe iku sing digawe saka tahu
    c.Kedhele iku bisa digawe tahu utawa tempe
    d.Cithakan tahu jenenge jladren
7.Wong rupane ala nanging pinter , paribasane...
   a.Cecak nguntal ula             b.Bathok bolu isi madu
   c.Cebol nggayuh lintang     d.Timun mungsuh duren
8 .Jagung ...yen ditandur wis dadi akeh.
a.    Saontong     b. Sauler      c.saler      d. Saadhah
9 .Tela boleng rasane...
    a.anta     b.sepa      c.sepet      d.pait
10.Paribasan ngisor iki sing bener yaiku...
      a.Pakulitane kuning nemu kiring       b. Pakulitane kuning nemu garing
      c.Pakulitane kuning nemu giring       d.Pakulitane kuning nemu karing

III.  Ceceg- ceceg ing ngisor iki isenana nganggo tembung kang mathuk
1 . Urutane gunggunge gedhang yaiku sauler,salirang ,satangkep,banjur...
2 . Mbak Harti tuku tempe. Jenenge ukara...
3 .Mbak Vera nggoreng apa.Tandha wacan kang mathuk yaiku tandha...
4 .Gula jawa iku rasane...
5 . Sariman tukang jahit. Jejere ukara yaiku...
6 . Pathi iku sing digawe saka...
7 . Yul , tuku lemper telu wae! Ukara iku diarani ukara...
8 . Landhesan kanggo ngiris jadah diarani...
9 . Aku njaluk dluwange......................wae.
10.Fatimah nyapu latar nganggo..........

IV. wangsulana kanti patitis!
1 . Kowe arep bali mulih amargo wetengmu lara.Kepriye olehmu matur Bapak/ Ibu Gurumu sing becik?  Wangsulan................................................................................................................. ...................................................................................................................................
2.Apa paribasan ing ngisor iki?
 Kriwikan dadi grojogan.
 Wangsulan ..................................................................................................................
3 .Ibu mundhut bawang kanggo bumbu.
    Udhalen ukara iku manut jejer, wasesa ,lesan lan katrangane.
 Wangsulan...................................................................................................................
    ....................................................................................................................................
4 . Tembung ing jero kurung iki benerna
     Jare kowe (tuku) klambi bapakmu.
     Wangsulan................................................................................................................
5 .Dhapuken supaya dadi ukara kang becik
    Ora-bodho-mesthi-bocah -munggah
    Wangsulan.................................................................................................................

B.NULIS
I.Salinen nganggo aksoro latin
1                                                                                  ..........................................................................
2                                                                                  ..........................................................................

II.Salinen nganggo aksara jawa
3.Siti tuku kacang.  Wangsulan..........................................................................................................
4.Jagung bakar.   Wangsulan..........................................................................................................
5.Sukardi seneng jadah.  Wangsulan..........................................................................................................


II.Ukara- ukara ing ngisor iki urutna supaya dadi paragraf kang becik.
   a. Beda karo tempe.
   b. Tahu karo tempe iku sing digawe saka kedhele.
   c. Dhele sing digawe tahu ,digiling dijupuk pathine.
   d. Panggawene ora ndadak digiling.
   e. Pathi digodhog, disaring, dibuwang ampase.
   f.  Diwenehi ragi, dibunteli nganggo godhong gedhang.
   g. Kedhele wutuh digodhog  mateng.
   h. Rong dina utawa telung dina wis dadi tempe.

Wangsulan
     


III.Ngarang.
Gawea karangan kanthi irah-irahan ing ngisor iki.
    a.Ngingu pitik
    b.Nandur kembang
Pituduh
a.Tulisen judul sing kok pilih
b.Tulisane tegak bersambung
c.Dawane paling setitik sakebet( sahalaman)



Kunci jawaban!

A.I .Membaca
1.Aku lan Agung diajak dolan menyang omahe Budi dhek dina Minggu.
2.Sawise dhele dikum medhok,banjur dilebokake ana ing mesin gilingan tahu
3.Pathi kedhele banjur dicidhuki, disaring, lan dibuang ampase.

3.Pathi kedhele banjur dicidhuki, disaring, lan dibuang ampase.
4.Ampase kudu dibuang supaya tahune dadi resik.
5.Jladren sawise dicithak dadi kenthel,lan madhet.

II.1.b        2.c       3.a        4.d      5.d     6.c     7.b     8.a     9.d      10.c

III.1.satundun         2.andharan       3.pitakon      4.legi       5.Sariman
    6.tela kaspe        7.pakon          8.telenan         9.sakebet      10.sapu sada

IV.1.Bu,menawi pareng kula badhe wangsul,amargi padharan kula sakit.
    2.Perkara cilik dadi gedhe.
    3.ibu=jejer, mundhut= wasesa, bawang= lesan, kanggo bumbu= katrangan
    4.ditukokake
    5.Bocah bodho mesthi ora munggah.

B.NULIS
I.1.Sapine lemu-lemu              2.Kuping gajah
  3.
  4.
  5.
II.1.b      2.c    3.e     4.a      5.d     6.g    7.f     8.h

Skor nilai
No
Jumlah soal
Skor nilai
Jumlah nilai
A.I.
5
2
10
II.
10
1
10
III.
10
2
20
IV.
5
2
10


Jumlah
50
B.I.
5
2
10
II.
8
2,5
20`
III.
1
20
20


Jumlah
50



                                                               
                                                      

                                                                 

                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                   

Tidak ada komentar:

Ads By Google

ADVERTISEMENT