Opo sih sing dikandakke wong sing lagi jagongan ono teras ngarep omah? Tak cedhaki jebul ono pakdhe karo koncone sing lagi rembugan wigati. Opo sing tak rugokke kok rodo serius meski muk sewates ngopi neng ngarepan. Intine koncone pakdhe ngomong babagan kalen sing kudu diresikki nanging nglibatke wargo sekitar sing urung dikandani. Banjur piye sakbanjure?
Akhire rembugan kui njedulke keputusan sing kadang ora pas meski yo kudu dilaksanakkake. Ngopo kok kurang pas? Kegiatan reresik kalen kui di anakkake ono ing dino minggu sing akeh wargo nduwe kegiatan liyo sing biasane ora ditindakke yoiku plesir sak kampung. Masalahe ngopo kok acara kui dilaksanakkake dino minggu? amergo wes kesepakatan warga kampung. Nanging anehe kesepakatan kui ora di floor ke neng rapat amergo acara piknik kui muk sewates dianakkake sak rombingan kampung sisih wetan.
Amergo kurang koordinasi acara dadi tumpuk undung, dadi bebarengan dina ne. ujunge seko 2 acara iki mau kabeh dijalanke nanging ono konsekwensine.
Wargo sing ora melu plesir tetep kerja bakti ngresikki kalen sing wes pancen reget lan kudu diresiki.Sing plesir kudu nyediakkake snack lan omben kanggo acara kerja bakti.
Ndilalah kampung kui miningko kampung sing tentrem lan ora gampang ambyar, kabeh podho rukun urip bebarengan. Akhire kabeh acara mlaku bareng tanpo ono masalah.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar