" Sebuah Catatan Kehidupan: Ojo seneng disawang nanging senengo nyawang kanti mripat padhang

SELAMAT DATANG - WELCOME - WILLKOMMEN

SELAMAT DATANG - WELCOME - SUGENG RAWUH - WILLKOMMEN - ترحيب

Ojo seneng disawang nanging senengo nyawang kanti mripat padhang

 Pancen kadangkolo urip kui lucu yo lur!, Seneng disawang liyan, seneng diajeni liyan lan seneng dianggep mentereng karo liyan. Babagan koyo ngene iki lumrah. Lumrah yen ditepakke ono urip sing sakmestine. Sopo wonge sing ora seneng dianggep sugih karo liyan opomeneh pancen dhasare uwes sugih. Sopo wonge sing ora seneng dianggep ayu utowo bagus, karono dhasare yo uwes ayu opo bagus.

Sopo wonge sing ora seneng disawang sukses, karono saknyatane pancen sukses donya akherat. Sopo wonge sing ora seneng dianggep pinter karono uwes pinter seko lair nganti seprene. Sopo wonge sing ora seneng didelok merdeka karono saknyatane pancen uwes merdeka.

Urip kui pancen kadangkolo mblingerke, padahal kasunyatane ora ono nabi sing pingin dianggep dadi nabi, Ora ono sejarahe wong sekti ngaku sekti lan ora ono juntrunge wong sing pinter malah keminter. Ngaku pinter nanging ora minterke urip, kadangkolo malah kanggo minteri liyan.

Kawruh iki mung sewates artikel utowo tulisan sing iso dirasakke marang penulis. Tulisan iki mung sewates ngelingake awake dewe. Ora ono istilahe ngguroni opomeneh ngajari, karono sing nulis artikel iki yo mung sewates nulis meski tanpa makna nanging iso dirasakke.

Artikel basa jawa iki ojo disebar ning endi papan, wes ben manggon neng kene wae. madhep mantep ngopi sinambi nyawang urip sing iso disawang. Nyawang ateses menehi arti kanggo liyan. Nyawang ugo iso di lakokkake nganggo perilaku sing iso ngajeni marang sepoho podho meski ora kudu diajeni.

Tidak ada komentar:

Ads By Google

ADVERTISEMENT