" Sebuah Catatan Kehidupan: Kawruh basa jawa babagan urip kang jembar koyo segoro ora ono watese

SELAMAT DATANG - WELCOME - WILLKOMMEN

SELAMAT DATANG - WELCOME - SUGENG RAWUH - WILLKOMMEN - ترحيب

Kawruh basa jawa babagan urip kang jembar koyo segoro ora ono watese

 Urip nyatane ora mung sembarang urip opomeneh urip uripan. Kasunyatan urip kui nduweni pangerten sing ombo koyo segoro lan jembar koyo banyu gumelar. Babagan urip kui sakmestine dipahami lan ditidakke kanti sabar lan ikhlas;

Urip kui ibarat sinar seko lilin sing iso madhangi marang kiwo tengene. Urip koyo lilin ibarate urip sing iso ndadekke sakkabehe gumelar padhang. Padhang pasuryane ateges sumeh lan okeh meseme marang liyan. Ora mesem sinis nanging mesem seneng lan kepenak disawang.Padhang atine ateges ora nduwe rasa sengit marang opo wae sing diadepi neng ngalam ndonya. Padhang pikire ateges pikirane sareh, ora gampang nesu lan ora gampang mutungan.

Urip kui kudu akeh sabare, opomeneh ngadepi babagan kadonyan sing kudu ditompo lan ditrimo kanti sipat kalem. Ono ing sakjroning urip sing kebak howo, saknyatane kudu iso mboko sithik di ampet, ditoto lan dipahami kanggo roso nrimo.

Jembar koyo segoro ateges urip kui dilaksanakkake kanti panrimo ing panduming Gusti lan ora kudu mekso urip koyo sing dikarepke. Babagan ngene iki gampang teorine nanging angel anggoni nglakoni karono urip kui ora sewates urip opo meneh urip uripan.


Tidak ada komentar:

Ads By Google

ADVERTISEMENT