Sedulur kabeh, kadangkolo awake dewe dicurhati konco utowo sahabat babagan urip sing dialami. Deweke crito uripe abot, le nglakoni lagi ono wae rubedo sing di lakoni. Suwene crito nganti mrebes mili amergo wes ora iso nangis.
Urip sing dialami ora sebaene miturut pikirane. Ono wae penyebab deweke ngalami masalah sing ora dialami wong liyo. Contone deweke lagi nandang sakit sing wes menahun. Blegere sehat nanging rogone sakit njero. Nganti omah di dol lan mobil yo kawus.
Lantas opo sakjane cerita uripe nganti ngono kui? Kan ono BPJS sing iso dinggo sarono supayane ora mbayar. Nanging deweke crito carane ngusadani sakit e iki ora sebaene. Digawe uwong sing ra seneng marang uripe deweke. Welah, lelakon opo meneh iki? Mungkin seko critane iki kadangkolo awake dewe ora percoyo sing dialami.
Kok iso urip blegere sehat ngono kok iso digawe wong liyo, padahal urip, mati, jodho ki wes ono sing ngatur. Ora ono menungso kok iso ngatur uripe opomeneh patine wong liyo.
Sek, diwoco sek ben awake dewe mudeng lan iso kanti ati wening mamahami konteks sakit e sahinggo nggowo beaya akeh lan ora iso dibayangke.
Dadi ngene, konco kui ngalami opo sing diarani puter guling lan singkat wae nganti koyo ngono uripe. Ora bakal awake dewe percoyo nanging kui saknyatane sing wes kedaden,
Prinsip ono ing crito iki, ojo seneng maido karo uripe liyan, iso wae awake dewe dipaido karo uripe dewe sing kanyoto bedo lan iso wae ngalami opo sing dilakoni dan ditandang liyan.