SELAMAT DATANG - WELCOME - WILLKOMMEN

SELAMAT DATANG - WELCOME - WILLKOMMEN - ترحيب

Contoh Soal Mid Semester Bahasa Jawa 6 SD


DINAS PENDIDIKAN DAN KEBUDAYAAN KABUPATEN BANTUL
UPT PPD KECAMATAN
ULANGAN UMUM TENGAH SEMESTER I TAHUN 2010-2011
Hari / Tanggal            : ….., …… Oktober 2010
Mata Pelajaran           : Bahasa Jawa
Kelas/Semester          : …./…..
Waktu                        : …………………………

I. Wenehana tanda ping (X) ing aksara a, b,c utawa d sangarepe wangsulan kang bener !
Wacanen kanthi pocapan sing bener !

Nandur Tales
Tales utawa kimpul ing wektu iki kaya-kaya wis dilaleake sebagean gdhe masarakat. Geneya bisa mangkono, amargo tales isih sianggep tetuwuhan kang ora ngasilake gizi sing becik. Bocah-bocah jaman saiki mbokmenowo during mangerteni lan during tau mangan tales. Sejatine tales kuwi mirunggan kanggo ngganti pari utaw beras jalaran uga ngandhut karbohidrat. Saliyane iku, tales uga ngandhut vitamin Alan kepara luwih akeh tinimbang beras.
Jinise tales sing asring ditandur ana papat yaiku tales pandhan, tales ketan, tales bantheng, lan tales lahun. Tales pandhan umbine wangi yen digodhog  lan godhonge warnane ungu. Menawa tales ketan umbine kraket kaya ketan yen digodhog lan godhonge wernane ijo enom sarta ngrembuyung. Tales bantheng umbine gedhe-gedhe, nanging rasane ora pati enak dene tales lahun kuwi akeh anakane, wite ngrembuyung, lan umbine cilik-cilik banget saengga akeh wong ora pati seneng.
            Tales kwi tanduran kang uripan amarga ditandur ing ngendi papan bisa urip karana papan kuwi lemahe subur. Tanduran tales mbutuhake akeh banyu saengga akeh ditandur ing panggonan kang teles. Saliyane iku, sinaring srengenge uga dibutuhake tanduran tales saengga bisa nambahi gedhene umbi.
            Nandur tales luwih becik ing mangsa labuh, yaiku mangsa nalika wiwit ana banyu udan. Sadurunge nandur tales luwih dhisik gawe jugangan ukuran 50 x 50 x 50 cm. Anggone nandur ana let watara 75-80 cm saben sawite. Sadurunge ditanduri tales, jugangane diwenehi lemah campur rabuk kandhang. Sawise tanduran tales umur sesasi, perlu diwatun kanggo ngresiki suket-suket sing ana kiwa tengene. Menawa umur telung sasi akeh anakane sing thukul, becike dilongi saengga dadi telu tekan patang wit klebu babone/induce. Umbi tales bisa dipanen yen umur wolung sasi. Kepara ana sing 14 sasi lagi dipanen. Yen wis dipanen, umbi tales bisa diolah kanthi cara digodhog, digoreng, digawe kripik, lan sapanunggalane.


Wangsulana pitakon ngisor iki adedhasar wacan nganggo ukara sing ganep kanthi karma!
1.            Apa sebabe tales wis akeh sing padha nglalekake ?
Wangsulan: ……………………………………………………………………
2.            Tales kuwi mirunggan kanggo apa ?
Wangsulan: ……………………………………………………………………
3.            Jinise tales ana pira lan jenenge apa wae ?
Wangsulan: ……………………………………………………………………
4.            Tales sing jinise apa kang ambune wangi ?
Wangsulan: ……………………………………………………………………
5.            Tales ketan kwitales sing kepiye ?
Wangsulan: ……………………………………………………………………

Tidak ada komentar:

Ads By Google

ADVERTISEMENT