SELAMAT DATANG - WELCOME - WILLKOMMEN

SELAMAT DATANG - WELCOME - WILLKOMMEN - ترحيب

Pitutur Budaya Jawa tentang filosofi Gamelan

Budaya Jawa penuh dengan berbagai pitutur atau nasehat diantaranya adalah filosofi Gamelan.

Berikut nama alat gamelan dan maknanya tertinjau dari sudut filosofi:

1. Kendhang/ gendang

Saking tembung kendhali sarta padhang. 

Dari kata kendali dan cerah 

Tegesipun pikajengan kedah saget dipun kendhalekaken utawi meper hawa nafsu

Maksudnya adalah pikiran harus cerah dan dikendalikan


2. Gong

Tegesipun Agung,  Allah Ta,ala atau Tuhan Maha Agung,  sedaya gegayuhan saget kasembadan menawi Gusti Allah Maha Agung marengaken nugraha. 

Artinya besar, Allah atau Tuhan maha besar, semua keinginan dapat terlaksana apabila Tuhan mengabulkannya.


3. Bonang 

Saking tembung babon sarta menang.  Mengku suraos saget menang  anggenipun meper hawa nafsunipun piyambak. 

Dari kata induk dan menang. Menang apabila dapat menguasai hawa nafsunya sendiri.


4. Panembung

Tegesipun nembung dhateng Allah ( donga)  mugi sedaya gegayuhan amrih saget kasembadan nyuwunipun dhateng Allah,  ampun ngantos syirik.

Artinya meminta hanya kepada Allah, semoga semua keinginan tercapai mintalah pada Allah dan hindari syirik.


5. Panerus

Tegesipun putra keturunan, ing pangajab sedaya piwucal ajaran agami  saget kalajengaken dhateng putra keturunan.  

Artinya adalah anak keturunan dengan harapan semua ajaran agama dapat diteruskan ke keturunan.


6. Seruling/ Suling

Saking tembung nafsu sarta eling. 

Dari kata nafsu dan ingat

Tegesipun tansah emut (eling)  dhateng Allah.

Maksudnya agar supaya ingat kepada Allah.


7. Kempul

Tegesipun kumpul,  mengku suraos panyuwunan sembahyang sholat sageta berjamaah sesarengan. 

Artinya kumpul supaya sembahyang meminta permohonan dengan bersama sama


8. Saron

Tegesipun seru (keras) , sedaya pakaryan sarta dakwah Islam dipun lampahi kanthi estu-estu linambaran manah ingkang ikhlas,  "kerja keras " datan kenging kendel "pantang putus asa".

Semua pekerjaan dijalani dengan ikhlas dan kerja keras.


9. Gambang

Tegesipun gamblang,  cetha,  wijang. 

Artinya terbuka, jelas dan bijak

Ing pamengku sedaya dawuh pangandikan utawi dakwah dipun aturaken kanthi gamblang  gampil dipun pahami mboten nuwuhaken klentu panampi.  Tundhonipun nuwuhaken salah paham utawi Paham ingkang salah.  


10. Kethuk

Tegesipun mathuk utawi sarujuk.  Ngemu suraos mugi sedaya tiyang kedah sarujuk sedaya dhawuh saha awisanipun Allah Ta,ala


11. Gender

Saking tembung gendera, mengku suraos pambukaning utawi wiwitaning  tiyang agesang wonten donya . Winastan Loka Pana (jagad padhang). Jagading bayi ingjang nembe lahir. 


12. Rebab

Tegesipun sedaya gegayuhan dipun lambari budi pekerti luhur. 


13. Siter

Tegesipun Pamengku Yatmaka,  mugi dadosa titah ingkang sampurna sakderengipun tinimbalan Allah swt.  Gayuh sampurnaning pati. 


Suraos saking sedaya harmonisasi alat gamelan inggih punika :

1. Netepaken gayuhan ingkang utama mboten dipun parengaken netepaken gayuhan ingkang mboten wonten mupangatipun.  

2. Kedhah dipun upaya mugi enggal saget kasembadan kanthi linambaran raos sabar mboten kenging grusa grusu

3. Wening ing penggalih

4. Tansah manungku puja mring Gusti Allah.

Ing wasana URIP IKU URUP,  TETEP ELING LAN WASPADA.!!!

Salam Rahayu..

Tidak ada komentar:

Ads By Google

ADVERTISEMENT