ALOE VERA utawa ILAT BAYA
Wong Mesir Mastani “ Taneman Keabadiam “
Dening : Essy Safitri
Aloevera utawa ing Negara kita dikenal kanthi sebutan “ lidah buaya “ utawa ilat baya diyakini mujarab kanggo nambani sawernaniang lelara lan wis turun temurun padha kanggo kramas. Lendir lidah buaya kasebut senajan wujude “ klitrek- klitrek njijiki lan satleraman kaya ager- ager mau pranyata ana pigunane.
Biasane uwit lidah buaya mau padha ditandur ana pot kanggo pasren omah.Nanging satemene taneman lidah buaya mau bisa ditandur ana ing lemah pekarangan utawa pakebonan. Lidah buaya bisa nyuburake rambut.Rambut katon endah sawise karmas nganggo shampoo lidah buaya. Sirah bothak bisa thukul rambute sawise diadani “ ritual “ digosok nganggo lendhir lidah buaya. Mula akeh pawongan utamane para wanita padha nanem lidah buaya.
Wit lidah buaya satemene ora mung mligi kanggo perawatan ranbut. Lidah buaya mau bisa kanggo tamba luka baker, tatu anyar lan kanggo nyegah getih kang metu saka tatu mau.Lidah buaya minangka “ tanaman keabadian “. Sabanjure Laboratorium Carrington, AS, nindhakake pemisahan salah sawijining gula ing jerone kanggo diujicoba marang pasien HIV/ AIDS. Kanthi pangajab mlebune sanyawa saka lidah buaya ndongkrak system kekebalan tubuh si penderita. Jaman saiki lidah buaya padha dikonsumsi minangka minuman koktail seger-segeran, uga maneka panganan kalebu sayur, kuwi kabeh asli kreatifitas saka para ibu-runah tangga. Saking komplite paedahe lidah buaya mau, wong Mesir padha mastani tanaman keabadian ( plant of immortality ). Istilah Jakarta, kagak ada matinya !. Lidah buaya mau lendhire padha digandrungi .
Taneman asli Afrika iki pancen ora nate rewel. Bisa urip nyaman ono ing daerah tropis, kayadene ing Indonesia. Lidah buaya butuh lokasi tinarbuko kanthi jaminan sunare srengenge.Paling cocok ditanem kanthi dhuwur / ketinggian 1.500 m dpl. Kanthi suhu rata- rata 25 – 30 derajat Celcius lan curah udan 2.500 – 3.000 mm per taun. Lidah buaya tahan adem, lan penyakit. Penyakit lidah buaya mau paling – paling pucuk palapah garing ireng jalaran kekurangan kalsium. Lidah buaya mau cocoke dirabuk nganggo pupuk kandhang saka kotoran kambing. Kotoran kewan liyane malah marakake pangkal batange bosok. Lidah buaya ora nduweni batang tulen. Batang asli ketutupan godhong kang rembuyung watara 10 / 20 ros, dawane sekitar 35 cm lan ambane 7,5 cm, werna abang utawa kuning.
Ing dataran rendah, taneman iki arang banget metu kembange. Ciri khas liyane, taneman iki akeh erine ing sapinggiring godhong. Lidah buaya kalebu keluarga lilia, lan mirip taneman kaktus, uga ana tandhon banyu. Malahan 96% taneman lidah buaya mau minangka kandungan banyu. Supaya ora metu banyune Stomata ( mulut daun ) ditutup. Lidah buaya becike ditanem ing palemahan garing. Senajan mung ana 4 % ( non – air ), taneman kang basa arabe Alloe kang tegese piait iki ngandhut zat-zat kang migunani tumrab manungsa.Mula ora nggumunake menawa taneman iki wis dikenal wiwit ewon taun kapungkur ing Mesir, Yunani, Romawi tumeka India lan Cina.
Luwih saka 350 Spesies
Jumlah spesies lidah buaya kacatet luwih saka 350. Nanging malah ana kang ngandakake spesies lidah buaya mau ana 400- 500, kanthi ukuran maneka warna. Wiwit saka ukuran sentimeter tekan meter dhuwure. Taneman ‘ cantik ‘ lan ‘ eksotik ‘ iki dadi klangenan tumrab pandemen lidah buaya. Kang nduweni nilai ekonomis menawa dibudidayakake yaiku : Aloe Vera Chinensis, Aloe Vera barbadensis, lan Aloe Vera Ferox. Telu-telune duweni daging godhong kang luwih gedhe lan amba menawa dibandingake klawan jenis liyane.
Aloe Vera Chinensis kang diyakini asale saka Cina nduweni godhong ijo kanthi bintik putih rata. Saben pelepahe ana lapisan lilin tipis. Pelepah dhuwur cekung lan ronsete rada nyilang mendhuwur. Spesies iki kagolong elok saka segi penampilane. Aloe Vera barbadensis werno godhonge luwih ijo kanthi lapisan lilin luwih kandel. Kanthi kasat mata bentuk pelepah spesies kang ditemokake Philip Miller ing taun 1768 iki luwih kompak kanthi tekstur luwih keras lan madhet. Kandele nganti tekan 2-3 cm, paling disenengi kanggo dibudidayakake. Palepahe 4-5 luwih akeh tinimbang Aloe Vera chinensis.Keunggulan aloe vera barbadensis yaiku daginge luwih kenyal, kanthi gandha langu ing perangan lendhire. Kandungan aloin dhuwure 5-7 %. Ngungkuli Aloe Vera chinensis. ALOIN yaiku cairan werna semu kuning kang saben godhong rata- rata tekan 30%, akeh digunakake indhustri farmasi kanggo bahan obat- obatan lan kosmetik.
Lidah buaya lumebu ing Nusantara kira- kira abad ka-17. Digawa dening para pedagang Arab klawan minyak wangi, kurma lan karpet.Wiwit iku banjur nyebar ing dhaerah- dhaerah, kanggo pasren omah. Pigunane lidah buaya dipelopori dening pedagang Tionghoa kang wis dhisik kenal karo Aloe Vera chinensis saka negerine.Saliyane dimanfaatake minangka obat, yaiku obat panas dalam lan maag, uga wis dadi minuman.
Kalimantan Barat kang pendhudhuke mayoritas keturunan Tionghoa kalebu dhaerah paling awal kangmbudidaya lidah buaya.Sawise padha disenengi, wiwit awal taun 1990-an lidah buaya wiwit dibudidaya ana ing Lampung lan Bogor. Kalimantan Barat ,khususe Pontianak lan sakiwatengene luwih begja dene agrokliumate pas banget karo taneman lidah buaya. Wilayahe lahan gambut lan sunar srengenge akeh. Mula ora nggumunake menawa asile nengsemake.Pelepah siji bobote nganti 1,5 kg.Menawa musim apik malah nganti 3 kg.
Kejaba ukuran godhonge jumbo, lahan kang ditanemi lidah buaya wis nganti 161 Ha.Kanthi petani 300 lidah buaya dadi andhalan Kalimantan Barat kejaba taneman jeruk.Saiki perusahaan pembuat minuman koktail lidah buaya uga wis mbukak pabrik kanthi kemampuan nyerap produksi 7- 9 ton saben dinane. Indhustri perumahan lagi tekan atusan kg lidah buaya.
Jalaran asile mau akeh, maneka makanan digawe saka bahan lidah buaya, akeh kang dipasarake ing Kalimantan Barat. Utamane ing wilayah Pontianak.Wiwit saka minuman nganti tekan dodol, pudhing lan risoles. Sayuran uga akeh kang nganggo bahan lidah buaya. Kulit godhonge malah padha digaringake minangka ‘ teh’. Pelepah lidah buaya bisa diolah kanggo maneka warna minuman, sayuran lan obat-obatan kajaba kanggo creambath.
Tamba Lara Ambeien
Kajaba kanggo obat luka baker lan tatu anyar, lidah buaya bisa kanggo tamba lara ambeien. Penyakit ambeien utawa bawasir utawa haemorrhoides disebabake dening penggembungan pembuluh ing perangan paling ngisor soko poros usus, embuh iku ing perangan njero utawa njaba, saka lubang dhubur, kaya bisul wernane abang semu biru.Gedhene kadhangkala saneker. Penggembungan iki disebabake kurang lancare aliran darah perut utamane menawa ana gangguan limpa, sembelit manahun, ing jeron perut besar akeh kotoran, pengaruh kakehan anggone lungguh, tindisan rahim kang samsaya gedhe nalika hamil tumrap wanita. Tandha- tandhane ambeien yaiku :
Ø Tekanan ing poros usus lan gatel- gate ling sakiwatengene
Ø Ana benjol utawa bintil ing lubang dubur wernane abang semu biru.
Ø BAB ( Buang Air Besar ) angel lan krasa lara banget.
Ø Kadhangkala metu getihe sethithik utawa getih mau metu saka dubur.
Ø Liat kandel lan abang mambu.
Kanggo nanggulangi penyakit ambeien mau supaya ora kronis bisa migunakake lidah buaya. Yaiku: Godhong lidah buaya ½ batang, dibuwang erine.Dikumbah resik banjur diparut dijupuk banyune diwenehi banyu mateng ½ cangkir lan madu 2 sendhok makan. Diperes lan disaring banjur diunjuk sedina kaping telu.
Tamba lara watuk
Watuk minangka salah sawijining penyakit. Kadhangkala penyakit influenza, penyakit kerongkongan, penyakit radhang tonsil, penyakit tuberkolosa lsp. Lara watuk kudu enggal-enggal ditambani supaya ora kasep. Lidah buaya kena kanggo tamba lara lan watuk. Yaiku godhong lidah buaya 1 batang. Diilang erine, dikumbah resik banjur diparut. Diwenehi madu kira-kira 6 sendhok makan banjur diunjuk samarine. Para maos wis padha pirsa apa wae kasiate lidah buaya. Lidah buaya mau kena kanggo karmas, kanggo tamba, digawe minuman, makanan lan sayuran. Mula becike para maos uga nyoba nandur lidah buaya kang migunani banget tumrap kesarasan saliyane kanggo pasren omah.
Kaprthik saking
Majalah Djoko Lodhang no.13,
Sabtu Wage, 25 Agustus 2007
Tidak ada komentar:
Posting Komentar
Comments